Laporkan Masalah

ANALISIS MORFO-SEMANTIS NAMA-NAMA RAGAM GERAK TARI LAWÈT DI KECAMATAN KEBUMEN KABUPATEN KEBUMEN

GARDENIA KARTIKA DEWI, Dra. Sumarsih, M. Hum

2013 | Skripsi | SASTRA NUSANTARA

Skripsi punika medharaken bab Beksan Lawèt sarta proses morfologis lan semantis ingkang nama-nama ragam gerak kaliyan sub-sub variasi gerakanipun beksan. Beksan Lawèt punika satunggaling beksan saking Kabupatén Kebumèn ingkang nggambaraken tingkahipun peksi lawèt. Panalitén punika nggadhahi ancas nyawisaken gambaran Beksan Lawèt, maparaken nama-nama ragam gerak Beksan Lawèt kaliyan sub-sub variasi gerakanipun Beksan Lawèt sarta medharaken nama-nama ragam gerak beksan kaliyan sub-sub variasi gerakanipun beksan Lawèt. Nama-nama ragam gerak Beksan Lawèt kaliyan sub-sub variasi gerakanipun Beksan Lawèt dipunpendhet kanthi aningali sarta wawancara kaliyan guru beksan wonten ing sanggar beksan Kecamatan Kebumèn Kabupatén Kebumèn. Nama-nama ragam gerak beksan kaliyan sub-sub variasi gerakanipun Beksan Lawèt dipunolah kanthi analisis morfologis sarta semantis. Analisis morfologis nggadhahi ancas supados angawruhi ewahipun wujud tembung inggih punika saking wujud monomorfemis kaliyan wujud polimorfemis. Wujud polimorfemis inggih punika awujud afiksasi sarta tembung camboran. Kejawi punika, nama-nama ragam gerak beksan kaliyan sub-sub variasi gerakanipun Beksan Lawèt ugi dipunolah kanthi cara semantis. Analisis semantis ingkang dipunanggé inggih punika analisis semantik leksikal ingkang adhedhasar saking referen gerakanipun beksan. Bab punika nggadhahi ancas supados angawruhi sasmita ingkang pinanggih wonten ing salebeting nama-nama ragam gerak beksan kaliyan sub-sub variasi gerakanipun Beksan Lawèt. Analisis morfo-semantis nama-nama ragam gerak kaliyan sub-sub variasi gerakanipun Beksan Lawèt nggadhahi ancas kasilipun inggih punika ngawruhi ewahipun tembung sarta sasmita ingkang wonten ing nama-nama ragam gerak beksan kaliyan sub-sub variasi gerakanipun Beksan Lawèt. Dipuncawisaken cara panganggitanipun tembung sarta sasmita ingkang pinanggih wonten ing namanama ragam gerak beksan kaliyan sub-sub variasi gerakanipun Beksan Lawèt, nggadhahi ancas supados saged diginakaken kanthi acuan analisis proses panganggitanipun kata wonten ing nama-nama ragam gerak beksan kaliyan subsub variasi gerakanipun beksan. Kasil liyanipun inggih punika nggadhahi ancas saged dados mupangat ingkang salah satunggaling sumber referensi kanggé para peneliti bab morfologi-semantik khususipun menawi panganggitanipun kata kaliyan saged mènèhi pengetahuan masyarakat bab Beksan Lawèt

D This Thesis will explain about Lawèt ance with its morphology process and meanings behind its basic and sub movement. Lawèt Dance is traditional dances that created on Kebumen at Central Java, Lawèt Dance reflects the beautiful movements of lawèts birds. The basic purpose of this research is to describes Lawèt Dance motions and to explains its various basic movements and subs movements with morfology and semantic analysis. The name of Lawèt Dance basic movement were obtained from observation and interview with proffesional dance instructor from Kebumen. Dance The analysis of Lawèt various basic movements and subs movements on this research were using both morfology and semantic analysis. Morfology analysis was used to describes and analyze the various changes from monomorfermic and polifermic form. Aside from that Lawèt Dance basic movements and subs movements were analyzed semanticly. Semantic analysis on this research is a semantic leslical analysis from Lawèt Dance motions. This semantic analysis on this research were used to obtain the hidden purposeful meanings behind Lawèt Dance basic movements and subs movements. Dance basic The results of morfo-semantic analysis from Lawèt movements and sub movements is, Lawèt Dance had structural words transformations and deep purposeful meanings on every basic and subs movements. We can see this process from Lawèt Dance basic and subs movements names. This process were used to analyze the basic pattern of naming and creating Lawèt Dance basic and subs movements, and to understand the deep purposeful meanings behind every movements on Lawèt Dance. This research were expected to give another researcher on morfology-semantic a good reference about Lawèt Dance forms and movements naming and the meaning behind that naming

Kata Kunci : nama-nama ragam gerak beksan, sub-sub variasi gerakanipun beksan, Beksan Lawèt, morfo-semantis


    Tidak tersedia file untuk ditampilkan ke publik.